Senin, 11 Juni 2012
arek suroboyo
Niki wonten tulisan saking konco kulo...
mboten sengojo konco kulo moco koran Jateng post, wonten berita judule ngeten "Ciri-ciri arek suroboyo"
1# Arek Suroboyo Legh Tukaran pasti ngomonge "Awas kon yo, deloken mulehmu"
2# Lek ngilokno uwong "Wih eanake reeek suarane arek iki, opo'o gk mbecak ae"
3# Seng Lanang negh ngamuk "awas kon yo tak pancal ndasmu." ndas peno sepeda be'e d pancal
4# Lek onok wedok ayu liwat mesti langsung d koment "mbbbok mentolo tak gowok muleh"
5# Lek nyebut akeh, "cek akehe seh lamuke, sak ndayak." koyok ngerti2o ndayak.
6# Lek d sindir koncone mesti langsung ngomong' "Kon ngilokno opo ngetrek2?"
7# Lek ngomong mesti ngarepe d tambahi U, uwenak, uendel, uapik! Untumu ndul.
8# Lek janjian' "Kon nang ndi? // Sek wes nang dalan iki, diluk engkas." Padahal yo sek onok omah
9# Lek mari di ilokno langsung mbales' "Ndasmu, ndogmu, bapakmu." pokoke seng onok mu mu ne
10# lek suwi gak ketemu konco, langsung ngomong," wah sek urip kon?, tak pikir wes pitung ndinane."
11# lek irunge gatel kate wahing. munine, Ha..ha..ha..hancoooookkkkkk!!!
12# Lek onok wong pamer, "eh aku tuku mobil anyar iki". langsung dijawab "Sopo??.. takok??"
13#senengane muring-muring gawe awalan "jam".. Jamput, Jambul, Jambreet, jambu..
14# Lek ndelok wedokk ayu langsung ngomong: "Cuk, ayune, Bapak.e sunat nang ndi iku?"
15# Lek onok wedokan ayu langsung ngomong: "ojok d gudo loh jon wes tak boking iku!"
16# Lek ngomong mesti di ke'i akhiran A, "NdasmuA, MatamuA, MakmuA, MbokmuA"
17# Lek Lek krungu koncone ngomong banter, langsung ngomong, "woy santai jon, gak usah mbleyer.."
18# Lek onok koncone ngomong gak jelas langsung d komen, "Kon ngomong ta kemu?"
yang merasa "Arek Suroboyo" ngeroso gak koen reek???
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar